KEBACUT
Lakumu lunga ninggal aku
Gur isoh tak sawang seko mburimu
Pitutur kebacut mrucut
Wes ora biso maneh diemut
Tak cobo nyikep awakmu
Kanggo ngendekake lakumu
Sak kuat-kuate sikepanku
Isih luih kuat tekad atimu
Saiki aku gur biso menehi
Rasa-rasa kang keri neng ati
Tak layangke saben wengi
Liwat rasa kang ora bisa mati
Muga-muga sliramu kelingan
Prastawa kang keliwatan
Sing bisa kedadean
Sak dawane urip,amumg sepisan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar